web analytics
Petung Salaking Rabi - DUNIA KERIS

Petung Salaki RabiPetung salaki rabi inggih punika sawijining petung kangge nyumurupi sae botenipun jejodhonan tiyang jaler kaliyan tiyang estri. Petung punika adhedhasar weton (neton) lairipun calon penganten.

Neptu Dinten :Senen : 4
Selasa : 3
Rebo : 7
Kemis : 8
jemuwah : 6
Setu : 9
Akad (minggu) : 5

Neptu Pasaran :Pahing : 9
Pon : 7
Wage : 4
Kliwon :8
Legi : 5

Neptunipun dinten saha pasaran calon temanten kakung lan calon temanten estri dipun gunggung lajeng dipun para 5, sisanipun pinten. Menawi tirahipun langkung saking 5 kedah dipun suda 5.

Sisa 1 – Sri : Sae sanget, kathah rejekinipun
Sisa dua – Lungguh : biasa kemawon
Sisa 3 – Lara : Kathah godha agenda
Sisa 4 – Pati : Ala sanged, salah setunggal pejah rumiyin.

Tuladha :
XBuGX – lair Kemis Kliwon (Kemis 8 + Kliwon 8 = 16) badhe kadhaupaken dening Sugaplums – lair Senin Legi (Senin 4 + Legi 5 = 9). Netonipun calon penganten kekalih dipun gunggung, 16 + 9 = 24. 24 dipun para 5 residu 4 ( 24 : 5 = 4 residu 4) utawi saged dipun serat mekaten 24 – (4 x 5) = 4Sisa 4 = Pati, menawi dipun dhaupaken salah setunggal pejah rumiyin. Ala sanged, prayoginipun mboten sisah dipun lajengaken. Petung Panca SudaPetung Panca Suda kangge nyumurupi watakipun si Jabang BayiNeptunipun si jabang bayi dipun para 10, sisanipun pinten. Menawi sisanipun langkung saking 7 kedah disuda 7.

Sisa 1 – Wasesa Segara
Watakipun : Jembar budine, sugih pangapura, amot ujar ala lan becik, gedhe wibawaneSisa dua – Tunggak Semi
Watakipun : Rejeki tansah kacukupan sanadyan dipapras meksa isih dapat thukulSisa 3 – Satriya Wibawa
Watakipun : Oleh kabegjan, kamulyan, lan kaluhuranSisa 4 – Sumur Sinaba
Watakipun : Kedunungan kapinteran lan kawicaksanan, panggonan nggo pitulungan lan pitakonan.Sisa 5 – Satriya Wirang
Watakipun : nandang susah lan rekasa, kewirangan.
Srananipun kagem tulak : ngetokake getih (nyembelih ayam utawa wedhus)Sisa 6 – Bumi Kapetak
Watakipun : Peteng ing ati, nanging taberi nyambut damel, kuwat nandang lara lapa lan resikan.
Srananipun kagem tulak : Mendhem lemahSisa 7 – Lebu Katiyup Angin
Watakipun : Tansah nandang papa, tansah kapesan, angel sandhang pangan, asring pindhah omah, samubarang kekarepan angel kaleksanan, rekasa uripe.
Srananipun kagem tulak : ngabul – abul bledug utawa awu.

TuladhaSapik – netonipun Kemis Wage (kemis 8 + Wage 9 = 17). 17 dipara 10 residu 7Sisa 7 nasibipun Sapik = Lebu katiyup angin

Bottom of Form

Leave a Reply